ꦲꦒꦩ ꦲꦶꦱ꧀ꦭꦩ꧀ ꦭꦤ꧀ ꦲꦺꦤ꧀ꦢꦃꦏꦫ ꦲꦶꦁ ꦗꦮ
Agama Islam lan Endahkara ing Jawa Agama Islam tumêka ing Tlatah Jawa ora namung alugu disalin sakabehe saka Tlatah Arab. Kaya dene agama Islam ing tlatah liya-liyane, agam Islam ing Tlatah Jawa uga kasêbar kanthi cara kang amligi karo kahanan ing tlatah lan laladan kang ditêkani. Ing Jawa iku dhewe, maana saperangan laladan. Saka laladan Wetan kayata Banyuwangi, laladan Têngah kayata Surakarta, nganti laladan Kulon kayata Cilacap lan Banyumas iku kabeh aduwe kahanane iku dhewe. Kahanan mau bisa kasawang saka maakeh barang kayata anggoning maomongan kang uga kaaranan carabasa; anggoning anyandhang kayata sêmbagi, klambi, kathok, lan irahan; anggoning amangan kayata caraning umangsak, palêsing panganan kang katandur utawa kajupuk saka alas, lan caraning anyêpakake panganan; anggoning agawe endahkara kayata sastra, têmbang, kidung, joged, saha gêndhing. Saka kahanan kang abeda abeda mau, anggoning agama Islam kasêbar uga ora 100 pratus apadha. Mêsthi maana bedane lan padhane. ...